Jumat, 20 November 2015

CERKAK TERBARU 2015




HOBI KANG DADI KUNCI PINUJU KESUKSESAN

                Ing sawijining dina ana bocah seng jenenge Dinda. Dinda iku bocahe sregep sinau, mbantu wong tuwane lan uga kreatif. Dinda mesti penasaran karo hal-hal kang anyar. Mulane Dinda seneng nyoba-nyoba  hal seng duru dinda nyong pernah diweruhi, misale kaya gawe rajutan. Dinda nyoba gawe rajutan saking bolah wol.
          Isuk-isuk wis siap-siap arep budhal sekolah. Sakdurunge budhal Dinda sarapan karo bapak lan ibuke. Sawisse sarapan Dinda pamitan “pak, buk, Dinda budhal rumiyin nggih?” pamite Dinda.  “Iya nduk seng ati-ati lan seng sregep lek sinau.” Kandane Ibu. “Nggih bu”. Sahute Dinda. “Assalamu’alaikum”. Ucape Dinda. “Wa’alaikumsalam” . Sahute Ibu lan bapak.
          Dinda budhal sekolah karo kanca-kancane numpak sepedha. Ra suwi Dinda lan kanca-kancane teka neng sekolahan. Ing sekolah Dinda sinau kang sregep. Bel istirahat wis muni bocah-bocah padha metu kelas, ana sing nek kantin, nek perpus lan dolanan karo kanca-kancane nek lapangan.
          “Din, ayo ngantin !” ajake Rina kancane Dinda. “Enggak ah, aku pingin nek perpus ae”. Jawabe Dinda. “Awake arepe nyapo nek perpus.” Takone Rina. “Aku arepe golek buku  panduan ngrajut.” Jawabe Dinda.” Ooo.., yo wis no ayo aku melu, pisan aku golek buku.” Ucape Rina.” Iyo, ayo cepet, mengko selak masuk.” Jawabe Dinda. Bocah loro kuwi langsung pinuju perpustakaan. Ning perpus Dinda lan Rina golek buku seng dik pingini. Mari oleh buku bocah loro mau metu lan pinuju ing kelas.
 













Mia lan Si Kitty
          Mia yaiku anak sing apikan. Mia tinggal karo uwong tuane ingsa wijining desa. Amerga apikan lan sumeh,Mia nduwe konco akeh ing omah utawa ing sekolah. Mia yaiku anak keri saka 4 sodara. Sabendina Mia lan sodarane diwarai disiplin lan budi perkerti karo uwong tua ne. Mia seneng banget karo kewan. Kewan sing enek nek omahe,kerep diopeni. Uwes suwi Mia pengen ngingu kucing ,tapi ibune Mia ngelarang kewan piaraan diopeni nek njero omah amerga gawe bacek omah.
            Sawijining dino, Mia budal tumuju sekolah. Mia budal sekolah karo mlaku.Panggon sekolahe karo omahe gak adoh-adoh banget, amung 300m. Ing tengah dalan, Mia eroh anak kucing sing ijek cilik njegur ing got. Mia ngerasa ngesakne karo kucing iku.Terus Mia ngangkat kucing iku saka got lan nyelehne ing panggon sing aman,  sak uwise kuwi Mia ngelanjutake ning sekolahan. “kriiiing” bel uwis muni tandane masuk. Mia lan konco-koncone pada mlebu kelas.
            Ing sekolahan, Mia kalebu anak sing pinter. Mia mesti mlebu ing rengking 3 besar.Mia mesti ngadakake kerja kelompok karo konco-koncone ing wektu istirahat utawa bar muleh sekolah. Ing kerja kelompok iku, Mia lan konco-koncone bahas pelajaran sing uwis diulangne lan bahas PR sing di weneh ne guru. “kriiing kriiing kriiing” tandane bel wektu muleh. Mia lan konco-koncone egen-egen mberesake buku-bukune lan egen-egen metu saka kelas.
            Ing wayah mlaku muleh, wayah Mia omong-omongan karo koncone ,Mia eroh kucing sing maeng njegur ing got. Kucing iku ngeong-ngeong karo terus ngetutne Mia. Mia ora sadar yen ditutne kucing iku. Setekone Mia nek omah , pas Mia arep nutup lawang ,Mia kaget amerga enek kucing ngeong sak banter-bantere. Mia tas sadar yen kucing iku sing ditulunge, ngetutake tekan omah.
            Mia nyuwun karo ibuke, ben dekne diizini ngopeni kucing cilik iku. “nda koleh!!!, engko kewan iku gawe bacek omah”, jarei bune Mia. “ tapi buk,, ngesakne kucing iki ! dekne gak duwe omah lan wongtua”, saure Mia. Pirang –pirang menit ,akhire ibuke Mia ngizini Mia ngopeni kucing iku, tapi ana syarate yaiku kewan iku gak oleh dijarne wae lan ojo sampek baceki omah.
            Kawiti ku, Mia ngopeni anak kucing iku. Sabendina Mia ngekeki ngombe lan mangan anak kucing iku. Sui –sui Mia maleh sayang banget karo anak kucing iku. Kucing iku diweneh ijeneng “kitty”.
            Pirang-pirangane wulan, kitty dadi kucing gedhe. Sawijing dina Mia eroh manuk kutilang sing kegeletak nek ngarepan omahe Mia. Mia nyedeki manuk iku lan ngangkat manuk iku. Tibakno manuk iku ora iso miber amergo sayape luka. Mia ngerawat manuk iku karo kasih sayang.  Kitty ngerasa cemburu amerga ngerasa Mia maleh luweh sayang karo manuk kutilang ketimbang deke. Padahal Mia tetep sayang karo Kitty. Amerga ngerasa gak  diperhatekne maneh, saben Mia gak enek, si Kitty mesti gangguni manuk kutilang iku.
Sakuwise diopeni seminggu manuk kutilang iku uwes mari. Pirang-pirang dino sakuwise, pas Mia tas muleh saka sekolah, Mia eroh lawang kandang manuk kutilang e kebukak lan ana getihe. Mia mikir yen si Kitty mangan manuk kutilange. Pas eroh si Kitty, Mia maleh saya curiga amerga ing lambene Kitty enek getihe. Amerga saking anyele karo si Kitty, Mia njumuk sapu lan nguber-nguber si Kitty kanggo digepuk. Si Kitty egen-egen mlayu mlebu kolong amben.
Pas ndilok ning kolong amben Mia kaget banget amerga ana ula sing uwes mati. Akhire Mia sadar, yen si Kitty uwis nyelametake deweke soko ula iku, si kitty nyelamatake Mia nganggo cara si Kitty nyokot ula iku. Lan Mia baru kelingan yen deweke lali nutup kandang manuke. Mia nyesel pas kelingan deweke mggepuki si Kitty. Padahal yen ora enek si Kitty mungkin ula iku isek urip lan iso nyelakai Mia. Akhire Mia sadar karo kesalahane lan meluk si Kitty.








 BY : SANIA
Thanks sudah ngunjungi BLOG ku

1 komentar: